Sabtu, 30 April 2011

CERKAK "MBOK KARTI"

( Sumber: Mekarsari, 11 Mei 2008 )
GENEP limang sasi ngenggoni los anyar ing pasar kuwi, saiki dagangane saya sepi. Kamangka yen dietung-etung meh telung puluh taun, kepara luwih anggone dodolan Sop Kikil.
Saungkure sing lanang udakara sepuluh taun jalaran tinggal donya, wadon tuwa kuwi tetep nerusake anggone dodolan mbukak usaha dhewe. Biyen sadurunge pasar paling gedhe ing kutha kabupaten kuwi dibangun, warunge laris manis. Semono uga nalikane isi ana papan penampungan sajroning pasar kuwi dibangun.
Nanging wektu iki, para pelanggan saya suwe saya suda, kepara malah ilang. Menu masakan Mbok Karto Kikil, mangkono tangga-tanggane yen ngundang, kegolong istimewa. Biasane, Sop Kikil alot yen dicakot, nanging sing iki beda. Ana tangane Mbok Karto, kikil kang alot mau dadakan dadi empuk nyamleng jalaran bumbune mrasuk ana ing pori-pori. Ana maneh sing istimewa, teh nasgithel cem-cemane wong tuwa kuwi nikmat, seger ora ana tunggale. Papane ndhewe ana pojok mburi, ora dadi siji karo papane wong dodol ratengan liyane, nanging malah cedhak karo bakul barang loakan. Mbok Karto bisa ngenggoni kapling nyleneh mau, gara-gara papan kang dadi hak-e wis didol marang pedagang anyar.
Sawijining awan, warunge katekan wong wadon ayu, nganggo blus ketat lan rok mini pink, ngatonake lekuk-lekuk awake kang endah trep karo kulite sing kuning mrusuh. Ndadekake kabeh wong sing ana kono kamitenggengen, nggatekake sing lagi teka. Mbok Karto takon, lan wong wadon ayu kuwi mung manthuk semu mesem kaya kepeksa. Wong loro mung padha mbisu, nalikane wong wadon ayu mau noleh, Mbok Karto ngerti yen ana rasa kasedhihan saka sorot mripate. Nganti sore wong wadon ayu mau isih lungguh ana kono, kamangka gelas lan piringe wis kothong kawit mau. Mbok Karto wiwit tata-tata arep kukut.
“Wis sore ndhuk, apa ora bali?” pitakone diwanek-wanekake. Dumadakan wadon ayu malah ndhelikake raine, ungkep-ungkep ana meja, nangis. Mbok Karto mlongo. Nalurine minangka ibu age-age, nyedhaki. Baune wadon ayu mau dicekel “Ana apa ndhuk?” Raine diangkat, katon mripate kaca-kaca. Sabanjure tanpa sungkan-sungkan ngebrukake raine ana pangkone Mbok Karto. Nerusake anggone nangis, nganti jarite Mbok Karto teles kebes. “Ndhuk, gelem mulih menyang nggone simbok, ya? Mengko bisa crita-crita sing luwih dawa,”.
Bengine, nalikane wong loro padha nonton sinetron lokal ing TV, tanpa dijaluk Tiwi mangkono jenenge wadon ayu mau crita. Wis limang taun nikah, nanging durung duwe anak. Bojone dagang bathik. Sing maune anggone bebrayan rukun, tentrem, ndadak sawijining ndina bojone teka karo wong wadon liya. Sawise padudon, Tiwi diusir lan lunga saparan-paran nganti tekan nggone Mbok Karto.
Tekane Tiwi ana warunge Mbok Karto nggawa pangaribawa gedhe. Sing maune wis endrap-endrip arep mati, sepi, saiki rame maneh. Kabar sumebar yen Mbok Karto anggone dodol Sop Kikil dibantu ponakane kang ayu lindri-lindri. Warunge mbok Karto dadi regeng maneh, senajan diakoni sing andhok ing kono, mung kepengin weruh Tiwi sing ayu, kanthi rok mini lan klambi sing ketat sahengga saranduning awake kang endah katon kabeh. Senajan kentekan Sop Kikil nanging ora gela, jalaran sing baku bisa ndeleng lenggak-lenggoke lan eseme Tiwi.
Ora krasa wis limang sasi luwih Tiwi ngancani Mbok Karto dodolan Sop Kikil. Sasuwene iki wis nggawa panguripan anyar tumraping Mbok Karto, dodolane laris nganti gusis, ateges bathine saya akeh. .
Nanging kahanan ora langgeng, kaya nalika tekane, lungane Tiwi uga ora pepoyan ngerti-ngerti wis ora ana. Nalikane Mbok Karto mulih saka pengajian kampung, ora methuki Tiwi, mung ana layang sa suwek kang isine njaluk pamit lan njaluk ngapura jalaran wis rumangsa nggawe repote Mbok Karto. Mesthi wae lungane Tiwi nggawa owah-owahan maneh ing warunge Mbok Karto, sing maune wis rame, regeng, laris, saiki bali sepi maneh ora ana sing andhok.
Mbok Karto bisane mung ngonggo-onggo ana pojok bangku dawane maneh, nganti sawijining esuk ana kedadeyan kang gawe geger wong akeh. Wong sa pasar padha gemrudug menyang panggonan loakan, kabeh suk-sukan mung kepengin ndeleng Mbok Karto anggone dodolan Sop Kikil nganggo rok mini pink, kaya sing biasane dienggo Tiwi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

profil

Foto saya
Denak, Jawa Tengah, Indonesia