Sabtu, 30 April 2011

CERKAK "AMARGA AKU TRESNA SLIRAMU"

Gilang lagi enak-enake nyruput es teh ujug-ujug saka burine ana tangan alus uga wangi nutupi mripate wong lanang gondrong iku.

“Haya sapa jal……” celathune Dila.

“Apa ta Dil?” saurane Gilang tanpa mikir suwi.

“Lho kok ngerti ta nek aku?”

“Elho nek aku ki wis apal karo ambumu, jarak 100 meter wae aku wis bisa ngrasakake ambumu sing kaya wedus kuwi” celathune Gilang sakgeleme.

“Huh….dasar kucing garong.”

“kwakwakwa…” Gilang ngakak .

Mengkono mau yen Gilang karo Dila ketemu wis kaya kucing karo wedus wae. Bocah loro mau pancen wis akrab banget awit OKKA dianakake. Kekarone padha njupuk jurusan seni musik ana ing Unnes.

“Dil aku bali kos dhisik ya, meh melu porak?”

“Ah ora, aku bar iki isih ana kuliah.”

“Tenan ki ora melu, mengko gelo lho,” Gilang sajak mbeda Dila.

“Gelo jawa, wis mrana lunga ah nyumpek-nyumpeki wae nangkene.”

“Ya wis aku ndisik ya,” celathune Gilang karo njangkah metu saka kantin.


***

Tekan ana kos-kosan Gilang langsung golek kertas lan kuas gawe nglukis. Senadyan jurusane dheweke seni musik nanging yen dikon nggambar pancen pinter banget. Nganti kanca-kancane ngomong yen Gilang kuwi bocahe nyeni bangeti. Akeh banget kancane sing njaluk tulung dilukisake dheweke. Awit saka nggambar wong, kewan, kembang, lan liya-liyane dheweke bisa kabeh. Anehe saben-saben arep nglukis rupane Dila dheweke ngrasa angel banget. Ora bisa langsung dadi kaya nek nglukis liya-liyane. Mula iku saben mentas ketemu Dila dheweke langsung nglukis raine bocah wadon ireng manis iku sak kelingane. Yen awangane marang raine Dila wis lamat-lamat ora cetha dheweke nglereni anggone nglukis. Mengko yen wis ketemu Dila maneh lagi dibajutake.

“Wiuh edan tenan lukisanmu Lang, kaya lukisane tukang lukis professional wae,” aleme Sendy kanca sakosane Gilang.

“Ah biasa wae ngono kok.”

“Lha sing kuwi gambare sapa ta Lang, kok aku weruh wiwit sesasi wingi nganti sakiki durung rampung-rampung,” pitakone Sendy karo ngacungi gambare Dila sing durung diwenehi lambe.

“Oh kuwi gambare kancaku Dila jenenge, aku ya ora ngerti nglukis wong siji kuwi kok angel banget,” saurane Gilang.

“Wah mesthi wong special ki, nganti arep nggambar raine wae grogi,” Sendy mbeda Gilang karo cekikikan.


***

Sore iku Gilang nembe ketemu karo Dila, kaya biasane dheweke langsung njagong ana ing panggonan sing biasa gawe nglukis. Nerusake lukisan sing durung rampung-rampung iku. “Wah akhire aku bisa ngampungke lukisan iki,” ucape Gilang saka jero atine. Sawise telung sasi nggawe lukisan iku akhire bisa rampung.

Tanggal sewelas Januari kang diarep-arep Gilang wis tekan. Dheweke ngenteni Dila sing lagi latihan nggitar ana ing gedung B7. Sawise rampung latihan Dila weruh Gilang sing lagi jagongan ana ing ngarepan.

“Heh ngapa kok durung bali Lang kan kowe wis ora ana kuliah ta? Ngenteni aku ya?” Dila sajak ngajak guyon.

“Iya aku ngenteni kowe Dil.”

“Ana apa kok kadingaren temen gelem ngenteni aku?”

“Ayo tak jak maring kosku sedhela wae.”

“Kok mung sedhela wong suwi ya ora apa-apa,” Dila langsung nggandeng tangan kanca akrabe iku.

Wong loro iku mau banjur mlaku bareng maring kose Gilang. Sawise tekan Gilang langsung menehake lukisane kang wis dibungkus nganggo kertas payung . “Met ulang tahun ya Dil,” ucape Gilang karo ngulungake lukisan iku. Dila kaget banget nalika iku, ora nyana yen kancane iku isih kelingan karo tanggal ulang tahune dheweke.

“Apa iki Lang, entuk tak bukak sakiki rak?”

“Bukako dhewe!” saute Gilang.

Dila langsung mbukak kadone, nalika wis kebukak lan weruh isine dheweke kaya ora percaya yen Gilang bisa nglukis awake persis kaya asline.

“Wuih….iki aku Lang, kok bisa persis banget ngene ta?”

“Jenenge wong tresna ki apa wae bisa dilakoni.”

“Wah-wah nembak aku ki critane.”

Dila mung mesam-mesem nanggepi Gilang sing ngungkapake rasa tresnane senajan ora terang-terangan. Dheweke ora menehi jawaban apa-apa marang Gilang.

Sore iku Banaran lagi grimis, Gilang ngeterake Dila tekan panggonan nyegat bis jurusan Sampangan. Saka wetan katon bis GP mara maring arahe wong loro iku mau. Dila nyekeli tangane Gilang karo ngomong, “Lang maturnuwun banget kanggo kabeh mau ya,” Gilang mung meneng wae ora bisa nyauri apa-apa. Lagi iki dheweke krungu Dila ngomong ora karo guyonan. Bis mau sansaya cedak Dila nguculake tangane banjur “cup” Gilang kaget banget nalika Dila ngambung pipine, dheweke kaya lagi ngimpi nganti ora ngerti yen wong wadon sing ngambung pipine iku wis nggeblas bareng bis GP mau. Wong lanang kuwi bali maring kos-kosane karo mesam-mesem dhewe, dheweke yakin yen Dila iku ya ngrasakake apa sing dirasa dheweke awit pertama kenal Dila.


***

Wis rong minggu sawise kedadean iku, kabeh bali kaya biasane maneh, nanging kanggone Gilang ana sing beda banget. Awit rong minggu iki dheweke ora tau weruh klebate wong wadon kang wis kelukis ana ing jero atine. Akhire dheweke entuk kabar saka Rina kancane Dila yen Dila sakiki lagi ana ing rumah sakit Karyadi amarga lara kanker otak. Krungu kabar iku Gilang kaya disamber bledeg , wingi wong wadon iku isih mesam-mesem ing ngarepe, sakiki lagi ngletak ana rumah sakit.

Sesuke Gilang mbolos kuliah mung merga arep niliki Dila ana ing rumah sakit Karyadi Semarang. Ora lali dheweke nggowo parcel isi buah. Nalika mbukak kamar panggonane Dila dirawat dheweke weruh Bapak lan Ibune Dhila lagi nangis sesenggrukan, “Dila tangi dil aja lunga dhisik nduk,” ucape Ibune Dhila. Sanalika parcel sing digawa Gilang mau ucul saka tangane, dheweke ora kuwat maneh ngadepi kanyatan kang ana ing ngarepe. Ora nyana yen kedadean wingi kang nyenengke atine iku dadi pungkasan dheweke lan Dila bisa bebarengan. Katresnan sing lagi wae diwiwiti kudu rampung ing dina kuwi.

Pirang-pirang dina sawise Dila lunga Gilang kaya wong linglung. Saben dina jumat dheweke marani Dila sing wis turu ayem ana ngisore kembang kamboja. Nalika ana wektu sela Gilang mung dolanan gitar kang biyen diwenehi Dila. Lagu sing ditembangke saben dina ora tau diganti liyane. Saat terakhir lagune ST 12 dadi lagu wajibe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

profil

Foto saya
Denak, Jawa Tengah, Indonesia